Ngalahke Singapura, Indhonesia Nyang Semifinal AFF CUP 2016
Piye kabare?
Tim nasional Indonesia kasil nyang semifinal AFF Cup 2016 neng Manila Filipina sakwise ngalahke Singapura kanthi skor 2-1. Maine bal-balan neng Rizal Memorial Stadium, Jemuah (25/11/2016) mau bengi Wektu Indhonesia Kulon.
Nanging, Indonesia ketinggalan dhisik 0-1 sakwise striker Singapura Khairul Amri njebol gawang Kurnia Meiga ing babak kapisan.
Ing babak kapindho, gole Andik Vermansyah madhakne skor dadi 1-1. Stefano Lilipaly akhire bisa ngegolke ing menit 85 sakwise nampa operan saka Boaz Salossa.
Nganti wasit ngunekke sempritane, tandha wektu main wis rampung, skor tetep 2-1 kanggo Indonesia.
Amarga menang, Indonesia dadi runner up neng grup A kanthi angka 4 lan bakal ngancani Thailand sing dadi juwara sakwise ngalahke Philipina kanthi skor 1-0.
Neng semifinal, Indhonesia bakal ngadhepi antarane Vietnam, Myanmar, utawa Malaysia.
Komentar
Posting Komentar
Silakan berkomentar dengan sopan. Setiap komentar akan dimoderasi terlebih dahulu. Jadi, bagi Anda yang memasukkan komentar, "tidak boleh" memasukkan link di dalam komentar.
Jika itu terjadi, maka saya tidak akan menyetujui komentar Anda.